PIDATO JAWA LAMARAN PENGANTIN DARI PIHAK LAKI-LAKI

Written By Unknown on Sunday, March 11, 2012 | 7:45 AM

Nuwun,
Dhumateng panjenganipun Bapak  (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.

Awit saking nugrahaning Gusti Allah SWT, saha pangestu panjengan sami, sowan kula sakanca wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan tansah pikantuk karaharjan, kalis ing sambekala.

Saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, langkung rumiyin keparenga kula sakanca nderek pitepangan dhumateng panjengan sedaya.

Nami kula …… ingkang wonten sisih tengen kula punika Bapak ………… dene ingkang sisih kering kula punika Bapak ……. Kula tetiga taksih kalebet satunggal perumahan kaliyan Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) Ingkang kepareng utusan.

Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan ingkang dhahat kinurmatan.
Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula ing ngarsa panjengan sekaliyan.

Ingkang angka sepisan, inggih silaturahmi dhumateng Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan, saha bapak/ibu ingkang sami rawuh ing pepanggihan punika.

Ingkang angka kalih, sowan kula wonten ing mriki kinantheni salam taklim saking Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) katur wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan.

Ingkang angka tiga, kula kinen ngembun-embun enjang anjejawah sonten, nglamar putra-putri panjengan ingkang asesilih Rara (nama calon pangantin putri). Inggih awratipun dados tiyang sepuh ingkang dipun tangisi putra, pramila lajeng utusan kawula tetiga.

Pramila mbokbilih danganging panggalih lan wonten keparengipun inkang putra kasuwun kadaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) ingkang peparab (asma calon pangantin kakung). Aturing Bapak (asma tiyang sepuh calon  pangantin kakung) sekaliyan ingkang pungkasan mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, sadereng lan sasampunipun nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Mekaten atur kula minangka sulih sarira saking Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) sekaliyan, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang nuju prana, kula naming saged nyuwun pangapura dhuamteng panjengan sedaya.
Maturnuwun
Anda sedang membaca artikel tentang PIDATO JAWA LAMARAN PENGANTIN DARI PIHAK LAKI-LAKI dan anda bisa menemukan artikel PIDATO JAWA LAMARAN PENGANTIN DARI PIHAK LAKI-LAKI ini dengan url http://carajawa.blogspot.com/2012/03/pidato-lamaran-pengantin-dari-pihak.html, silahkan anda sebar luaskannya atau copy paste jika artikel PIDATO JAWA LAMARAN PENGANTIN DARI PIHAK LAKI-LAKI ini bermanfaat bagi anda dan teman-teman, mohon sertakan link PIDATO JAWA LAMARAN PENGANTIN DARI PIHAK LAKI-LAKI sebagai sumbernya.
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 7:45 AM

0 komentar:

Post a Comment