Pacelathon (Percakapan) Tetepungan

Written By Unknown on Wednesday, April 25, 2012 | 4:29 AM


WULANGAN 1
        NYEMAK
Kompetensi Dasar    : Mendengarkan dan memahami percakapan dalam berbagai kegiatan di lingkungan sekolah, dan di rumah / masyarakat.
Indikator                  :
1.      Mengungkapkan isi percakapan secara lisan dan tulisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
2.      Megajukan dan menjawab pertanyaan sesuai konteks pembicaraan.
A.       Pacelathon
Ancer-ancer kanggo nyemak pacelathon.
1.      Cetheten bab-bab kang wigati saka pacelathon iku !
a.       Topik utawa bab apa kang diomongake ;
b.      Sapa kang nindakake pacelathon ; lan
c.       Papan pacelathon iku ditindakake.
2.      Tulisen isine pacelathon iku kanthi urutan mengkene !
a.       Owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau dadi ukara.
b.      Ukara-ukara mau susunen kanthi runtut.
Semaken pacelathon ing ngisor iki kang diparagakake dening kancamu ing ngarep kelas!

Tetepungan
Wulan Juli Yanto wiwit mlebu SMP. Ing wengine sinambi nonton TV, dheweke didangu dening bapak lan ibune.
Ibu         :”Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Yanto    : ” Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi gurunipun. Ngendikanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal gurunipun gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucalipun, maksudipun kados pundi ta, Bu ?”
Ibu         : “ Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune  beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Yanto    : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu         : “Ya…”
Bapak    : “ Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Yanto    : “Wonten kelas 7 A, Pak.”
Ibu         : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Yanto    : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Bapak    : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Yanto    : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Bapak    : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ? Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Yanto    : “ Caranipun, dipunwiwiti dening wali kelas nepangaken rumiyin. Panjenenganipun ngendikakaken jeneng saha alamatipun. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangaken kanthi nyebataken nama, tanggal lair, alamat, asmanipun tiyang sepuh, saha cita-citanipun, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Bapak    : “ O...., ngono ta. Kowe ya wani maju ing ngarep kelas, Yan?”
Yanto    : “ Inggih wantun. Kawitanipun inggih ajrih, radi ndredheg. Nanging sareng kula pikir, kenging menapa kedah ajrih ? sedaya ingkang wonten kelas menika kanca, sanes memedi, ingkang kedah dipunajrihi, inggih boten, Pak ?”
Bapak    : “Ya kono kuwi, Yan. Dadi bocah kudu kendel waton bener. Terus jan-jane cita-citamu kuwi besuk kepingin dadi apa ta, Yan ?”
Yanto    : “ Kula benjang kepingin dados guru, Pak. Kepareng ta, Pak ?”
Bapak    : “ Ya, oleh wae ta. Apa sebabe kowe kok kepingin dadi guru ora liyane kaya dadi pulisi, tentara, utawa dokter ?”
Yanto    : “ Amargi guru menika ingkang mucal, ingkang ndadosaken tiyang-tiyang menika pinter, sehingga wonten ingkang dados pulisi, tentara, utawi dokter, malah presiden. Guru menika ageng sanget jasanipun, inggih ta, Pak.”
Bapak    : “ Iya-iya, Yan. Wah yen ngono luhur temenan cita-citamu kuwi.”
Ibu         : “ Ya wis dipunggel dhisik critane, sesuk diterusake maneh. Saiki wis wengi padha mapan turu, sesuk ben ora kawanan !”
Yanto    : “ Inggih, Bu. Sugeng dalu Pak, Bu, sugeng sare.”                
B.       Mangsuli pitakon
Sawise nyemak pacelathon kang diperagake kancamu ing ngarep kelas, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1.      Sapa bae kang nindakake pacelathon ing dhuwur ?
2.      Kepriye rasane Yanto bareng mlebu ing SMP ?
3.      Apa bedane piwulangan ing SMP karo ing SD ?
4.      Apa bae kegiyatan dina kawitan ing sekolahe Yanto ?
5.      Bab apa bae kang kudu diaturake nalika tetepungan ?
6.      Kepriye carane tetepungan ana ing sekolahane Yanto ?
7.      Yanto wani maju apa ora ? apa sebabe ?
8.      Apa cita-citane Yanto ?
9.      Apa sebabe Yanto duwe cita-cita kang kaya mengkono ?
10.  Pacelathon ing dhuwur ing wayah apa ?
C.       Ngowahi pacelathon dadi gancaran.
Pacelathon ing dhuwur owahana dadi gancaran !
D.      Gawe Pacelathon
1.      Dhapuken kelompok, saben kelompok bocah telu utawa papat, ana sing dadi paraga bapak, ibu, anak utawa adhi.
2.      Gawea pacelathon antarane bapak, ibu, anak utawi adhi ngenani anggonmu sekolah anyaran ing SMP – mu !
3.      Pacelathon kang wis kok gawe, banjur peragakna ing ngarep kelas.
(sumber: Buku Gladi Basa)
Anda sedang membaca artikel tentang Pacelathon (Percakapan) Tetepungan dan anda bisa menemukan artikel Pacelathon (Percakapan) Tetepungan ini dengan url http://carajawa.blogspot.com/2012/04/pacelathon-percakapan.html, silahkan anda sebar luaskannya atau copy paste jika artikel Pacelathon (Percakapan) Tetepungan ini bermanfaat bagi anda dan teman-teman, mohon sertakan link Pacelathon (Percakapan) Tetepungan sebagai sumbernya.
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 4:29 AM

0 komentar:

Post a Comment