Penelitian Tindakan Kelas

belajar bersama

Blogroll

Powered by Blogger.

Login

Showing posts with label Kawruh Jawa. Show all posts
Showing posts with label Kawruh Jawa. Show all posts

Contoh Perkenalan Bahasa Jawa

Written By Unknown on Saturday, January 26, 2013 | 11:13 PM

Sebagai makluk sosial manusia perlu berinteraksi dengan orang lain, hubungan sosial dengan orang lain didahului dengan cara berkenalan. Bagaimana berkenalan dengan menggunakan Bahasa Jawa, berikut ini contoh percakapan perkenalan dengan Bahasa Jawa  
Tetepungan
Wulan Juli Joko wiwit mlebu SMP. Ing wengine sinambi nonton TV, dheweke didangu dening bapak lan ibune.
Ibu         :”Kapriye, Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Joko       : ” Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi gurunipun. Ngendikanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal gurunipun gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucalipun, maksudipun kados pundi ta, Bu ?”
Ibu         : “ Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune  beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Joko       : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu         : “Ya…”
Bapak    : “ Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Joko       : “Wonten kelas 7 A, Pak.”
Ibu         : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Joko       : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Bapak    : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Joko       : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Bapak    : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ? Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Joko       : “ Caranipun, dipunwiwiti dening wali kelas nepangaken rumiyin. Panjenenganipun ngendikakaken jeneng saha alamatipun. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangaken kanthi nyebataken nama, tanggal lair, alamat, asmanipun tiyang sepuh, saha cita-citanipun, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Bapak    : “ O...., ngono ta. Kowe ya wani maju ing ngarep kelas, Yan?”
Joko       : “ Inggih wantun. Kawitanipun inggih ajrih, radi ndredheg. Nanging sareng kula pikir, kenging menapa kedah ajrih ? sedaya ingkang wonten kelas menika kanca, sanes memedi, ingkang kedah dipunajrihi, inggih boten, Pak ?”
Bapak    : “Ya kono kuwi, Yan. Dadi bocah kudu kendel waton bener. Terus jan-jane cita-citamu kuwi besuk kepingin dadi apa ta, Yan ?”
Joko       : “ Kula benjang kepingin dados guru, Pak. Kepareng ta, Pak ?”
Bapak    : “ Ya, oleh wae ta. Apa sebabe kowe kok kepingin dadi guru ora liyane kaya dadi pulisi, tentara, utawa dokter ?”
Joko       : “ Amargi guru menika ingkang mucal, ingkang ndadosaken tiyang-tiyang menika pinter, sehingga wonten ingkang dados pulisi, tentara, utawi dokter, malah presiden. Guru menika ageng sanget jasanipun, inggih ta, Pak.”
Bapak    : “ Iya-iya, Yan. Wah yen ngono luhur temenan cita-citamu kuwi.”
Ibu         : “ Ya wis dipunggel dhisik critane, sesuk diterusake maneh. Saiki wis wengi padha mapan turu, sesuk ben ora kawanan !”
Joko     : “ Inggih, Bu. Sugeng dalu Pak, Bu, sugeng sare.”
11:13 PM | 0 komentar | Selengkapnya
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 11:13 PM

TULADHA UNEN-UNEN BASA JAWA

Written By Unknown on Thursday, November 29, 2012 | 2:25 AM

TULADHA UNEN-UNEN BASA JAWA
Bocah Duraka

Pak Braja dheleg-dheleg nalika dikabari yen anake lanang dicekel dening polisi amarga nganiaya wong liya nganti babak bundhas. Pikirane Pak Braja nglambrang mikirake lelakon apa sing bakal ditampa dening dheweke, wis mesthi yen Pak Braja bakal entuk tlutuh marga tumindake anake, ora wurunga anak polah bapa kepradhah, sing repot mesthi wong tuwane. “Dhasar bocah adigang adigung adiguna”, mangkono pangudarasane Pak Braja.
Satemene Pak Braja ora kurang-kurang olehe ndhidik marang anak-anake, oleh ngandhani nganti bebasane lambe satumang kari samerang. Pancen bocah duraka tenan. 
Pak Braja duwe anak loro lanang karo wadon, sanajan olehe nggulawentah ora emban cindhe emban siladan, nanging meksa ora kebeneran marang anake sing lanang. Bocahe ugal-ugalan, karo kanca-kancane plak-plek enthengan tangan, salah sithik plek, ngendel-ngendelake dumeh anake wong sugih, dumeh anake wong duwe panguwasa.
2:25 AM | 0 komentar | Selengkapnya
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 2:25 AM

Tuladha Tembung Saroja

Written By Unknown on Wednesday, September 12, 2012 | 1:33 PM

Tuladha Tembung Saroja :
1. Adem ayem
2. Adi luhung
3. Ajur Ajer
4. Akal budi
5. Bagas waras
1:33 PM | 0 komentar | Selengkapnya
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 1:33 PM

Tegese Ariwarti lan Kalawarti

Written By Unknown on Thursday, August 30, 2012 | 5:08 PM


Apa tegese Ariwarti lan Kalawarti?  
 Ariwarti iku layang kabar kang metune saben dina. dene yen metune mangsa kala diarani kalawarti. Ana ing ariwarti apa dene kalawarti iku kamot sawernaning kawruh kayata ;
-  Kawruh          bab     tetanen
-  Kawruh          bab     dedagangan
-  Kawruh          bab     agama
-  Kawruh          bab     politik
-  Kawruh          bab     seni
-  Kawruh          bab     teknik
-  Kawruh          bab     sejarah lan kabudayan

     Ing jaman saiki wis kena dikandhakake ora ana ariwarti basa jawa kang kababar / kang terbit yen  ana kala-kala mung minangka suplemen ana ing surat kabar Suara Merdeka iku bae ora ajeg.
    Dene kalawarti kang isih terbit / kababar  kena dikandhakake bisa dietung nganggo driji, kayata :
-  Mekar Sari
-  Jaya Baya
-  Jaka Lodhang
-  Puspaka Candra

5:08 PM | 2 komentar | Selengkapnya
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 5:08 PM

Arane Anak Kewan

Written By Unknown on Monday, July 30, 2012 | 7:32 AM

Arane Anak Kewan

1
Anak
ampal
diarani
: embug
2
Anak
angrang
diarani
: kroto
3
Anak
asu
diarani
: kirik
4
Anak
ayam (pitik)
diarani
: kuthuk
5
Anak
babi
diarani
: gembluk
6
Anak
bandeng
diarani
: nener
7
Anak
bantheng
diarani
: wareng
8
Anak
banyak
diarani
: blengur
9
Anak
baya
diarani
: rete
10
Anak
bebek
diarani
: meri
11
Anak
bethik
diarani
: menter
12
Anak
blanak
diarani
: sendha
13
Anak
brati
diarani
: tongki
14
Anak
budheng
diarani
: kowe
15
Anak
bulus
diarani
: ketul
16
Anak
cacing
diarani
: lur
17
Anak
cecak
diarani
: sawiyah
18
Anak
ce1eng
diarani
: genjik
19
Anak
coro
diarani
: mendhet
20
Anak
dara
diarani
: piyik
21
Anak
dhorang
diarani
: tamper
22
Anak
emprit
diarani
: indhil
23
Anak
gagak
diarani
: engkak
24
Anak
gajah
diarani
: bledug
25
Anak
gangsir
diarani
: clondho
26
Anak
garangan
diarani
: rase
27
Anak
garengpung
diarani
: drungkuk
28
Anak
gemak
diarani
: drigul
29
Anak
glathik
diarani
: cecrekan
30
Anak
gundhik
diarani
: laron/rayap
31
Anak
iwak
diarani
: beyong
32
Anak
jangkrik
diarani
: gendholo
33
Anak
jaran
diarani
: belo
34
Anak
kadhal
diarani
: tobil
35
Anak
kakap
diarani
: caplek
36
Anak
kalajengking
diarani
: ketupa
37
Anak
kancil
diarani
: kenthi
38
Anak
kebo
diarani
: gudel
39
Anak
kecapung
diarani
: jenthit
40
Anak
kemangga
diarani
: ceriwi
41
Anak
kepik
diarani
: mreki
42
Anak
kidang
diarani
: kompreng
43
Anak
kimar
diarani
: kedah
44
Anak
kinjeng
diarani
: senggutru
45
Anak
kinjeng dom kintel
diarani
: undur-undur
46
Anak
kethek
diarani
: munyuk/kenyung
47
Anak
kodhok
diarani
: precil
48
Anak
kombang
diarani
: engkuk
49
Anak
konang
diarani
: endrak
50
Anak
kremi
diarani
: racek
51
Anak
kucing
diarani
: cemeng
52
Anak
kul/keyong
diarani
: krikik
53
Anak
kupu
diarani
: uler
54
Anak
kura
diarani
: laos
55
Anak
kutuk
diarani
: kotesan/koncelan
56
Anak
kwangwung
diarani
: gendhot
57
Anak
laler
diarani
: set/singgat
58
Anak
lamuk
diarani
: jenthik
59
Anak
lawa
diarani
: kampret
60
Anak
lele
diarani
: jabrisan
61
Anak
lemut
diarani
: uget-uget
62
Anak
lintah
diarani
: pacet
63
Anak
lisang
diarani
: beles
64
Anak
lodan
diarani
: jengkelong
65
Anak
lutung
diarani
: kenyung
66
Anak
luwak
diarani
: kuwuk
67
Anak
luwing
diarani
: gonggo
68
Anak
macan
diarani
: gogor
69
Anak
manuk
diarani
: piyik
70
Anak
menjangan
diarani
: kompreng
71
Anak
menthok
diarani
: minthi
72
Anak
merak
diarani
: uncung
73
Anak
nyambik
diarani
: slira
74
Anak
pe
diarani
: genyong
75
Anak
pleting
diarani
: jaringan
76
Anak
sapi
diarani
: pedhet
77
Anak
sembilang
diarani
: lenger
78
Anak
singa
diarani
: dibal
79
Anak
tambra
diarani
: bokol
80
Anak
tawon
diarani
: gana
81
Anak
tekek
diarani
: celolo
82
Anak
tikus
diarani
: cindhil
83
Anak
tongkol
diarani
: cengkik
84
Anak
tuma
diarani
: kor
85
Anak
ula
diarani
: kisi/ucet
86
Anak
urang
diarani
: grago
87
Anak
wader
diarani
: sriwet
88
Anak
wagal
diarani
: jendhil
89
Anak
walang
diarani
: dhogol
90
Anak
warak
diarani
: plencing
91
Anak
wedhus
diarani
: cempe
92
Anak
welut
diarani
: udhet
93
Anak
yuyu
diarani
: beyes
7:32 AM | 1 komentar | Selengkapnya
Posted by: Daryono sarjana sastra Daryono sarjana sastra, Updated at: 7:32 AM