Tetepungan
Wulan Juli Joko wiwit mlebu SMP. Ing wengine sinambi
nonton TV, dheweke didangu dening bapak lan ibune.
Ibu
:”Kapriye, Yan, sekolah ing SMP
seneng apa ora ?”
Joko : ” Wah remen sanget, Bu. Kancanipun
kathah, ugi gurunipun. Ngendikanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal
gurunipun gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucalipun, maksudipun kados pundi ta,
Bu ?”
Ibu
: “ Karepe ngene, lho. Yen
pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen basa Jawa, ya sing
mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda
karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata
pelajaran.”
Joko : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu : “Ya…”
Bapak : “ Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Joko : “Wonten kelas 7 A, Pak.”
Ibu : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Joko : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Bapak : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Joko : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara,
resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken
pitepangan.”
Bapak : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal
karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ? Kamangka bocahe akeh, apa
ora rame?”
Joko : “ Caranipun, dipunwiwiti dening wali kelas nepangaken
rumiyin. Panjenenganipun ngendikakaken jeneng saha alamatipun. Kalajengaken
sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangaken kanthi nyebataken
nama, tanggal lair, alamat, asmanipun tiyang sepuh, saha cita-citanipun,
ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Bapak : “ O...., ngono ta. Kowe ya wani maju ing ngarep kelas, Yan?”
Joko : “ Inggih wantun. Kawitanipun inggih ajrih, radi ndredheg.
Nanging sareng kula pikir, kenging menapa kedah ajrih ? sedaya ingkang wonten
kelas menika kanca, sanes memedi, ingkang kedah dipunajrihi, inggih boten, Pak
?”
Bapak : “Ya kono kuwi, Yan. Dadi bocah kudu kendel waton bener. Terus
jan-jane cita-citamu kuwi besuk kepingin dadi apa ta, Yan ?”
Joko : “ Kula benjang kepingin dados guru, Pak. Kepareng ta, Pak ?”
Bapak : “ Ya, oleh wae ta. Apa sebabe kowe kok
kepingin dadi guru ora liyane kaya dadi pulisi, tentara, utawa dokter ?”
Joko : “ Amargi guru menika ingkang mucal, ingkang ndadosaken
tiyang-tiyang menika pinter, sehingga wonten ingkang dados pulisi, tentara,
utawi dokter, malah presiden. Guru menika ageng sanget jasanipun, inggih ta,
Pak.”
Bapak : “ Iya-iya, Yan. Wah yen ngono luhur temenan cita-citamu kuwi.”
Ibu : “ Ya wis dipunggel dhisik critane, sesuk diterusake maneh.
Saiki wis wengi padha mapan turu, sesuk ben ora kawanan !”
Joko : “ Inggih, Bu. Sugeng dalu Pak, Bu, sugeng
sare.”
0 komentar:
Post a Comment